Edukasi Pencegahan Penyebaran Covid-19 di Semua Desa Kecamatan Mertoyudan

25 March 2020

MERTOYUDAN - Laporan Edukasi pencegahan penyebaran Covid-19 di semua desa di Kecamatan Mertoyudan sebagai berikut : I. Terus mengupayakan sosialisasi dan edukasi pencegahan penyebaran Covid 19 di semua Desa di Mertoyudan dengan media pengumuman melalui Masjid dan Musholla dengan Narasi sebagai berikut : Assalamuálaikum Wr. Wb. Nyuwun kawuningan, kepareng ngaturaken informasi kagem sedoyo wargo masyarakat babagan Virus Corona. Virus corona meniko saestu sakmeniko sampun dados pandemi utawi wabah ingkang mbebayani tumrapipun tiyang sak dunyo, ingkang kawiwitan saking kota Hubei, Wuhan negari Tiongkok, sak meniko sampun anjalari 187 negoro, termasuk negari kito Indonesia, termasuk provinsi jawa tengah, ugi sampun anjalari wonten ing kabupaten Magelang mriki. Tiyang ingkang nggadahi resiko tinggi kenging virus corona ing antawisipun injih puniko tiyang ingkang nembe kemawon tindakan wonten ing luar negri, ugi perkembangan sak meniko termasuk tiyang ingkang nembe tindakan saking luar Kabupaten Magelang utawi luar daerah, lan ugi tiyang ingkang kontak langsung kalian pasien positif kenging virus corona, kados tenaga kesehatan ingkang ngrawat pasien corona, keluargo pasien, tiyang ingkang nate mertamu dumateng pasien, tiyang ingkang sampun nate sak kendaraan kalian pasien, tiyang ingkang sampun nate ngrawuhi acara ingkang sami kalian pasien, lan sak pinunggalanipun ingkang intinipun kontak langsung kanti jabat asto utawi caket kalian pasien pengidap virus corona meniko. Saklajengipun minongko Ciri-cirinipun tiyang ingkang kenging virus corona meniko ing antawisipun 2 dumugi 14 dinten saking penularan badhe ngaosaken benter, watuk, flu utawi wahing-wahing, tenggorokanipun sakit, badanipun kraos lemes lan sesak nafas, ciri-ciri meniko saget dipun raosaken sedanten utawi namung sebagian kemawon. Bapak Bupati Magelang, Bp. Zaenal Arifin, SIP kanthi Surat Edaran Nomor : 360/084/46/2020 nyuwun dumateng sedoyo masyarakat Kabupaten Magelang : 1. Nyegah penyebaran virus corona meniko kanthi langkah-langkah ingkang jumbuh kalian protokol / kaidah ingkang sampun dipun temtoaken pemerintah. 2. Wargo masyarakan ingkang mboten nggadahi urusan ingkang penting sanget kasuwun tetep tinggal wonten dalemipun piyambak-piyambak. 3. Menghentikan utawi menunda sedoyo acara utawi aktifitas ingkang ngempalaken tiyang kathah ngantos wedal ingkang dipun umumaken aman saking pemerintah. 4. Tiyang ingkang nembe nglampahi tindhakan saking luar negeri, luar daerah/luar kota, kedah lapor dumateng kepala desa, sak lajengipun dipun laporaken dumateng Camat Mertoyudan lan Bupati Magelang. Ugi nglaporaken kondisi kesehatanipun salami 14 dinten dateng petugas kesehatan/puskesmas. 5. Wargo masyarakat ampun ngantos nyebaraken berita utawi informasi hoax / ingkang mboten leres kagem njagi katentremanipun masyarakat. Ugi kasuwun masyarakat njagi kondisi kesehatanipun pribadi kanthi nedhi dedaharan ingkang sehat, cuci tangan pakai sabun sak sampunipun aktifitas menopo kemawon, ampun jabat asto rumiyin, ampun tindakan luar daerah rumiyin, lan sak pinunggalanipun kagem njagi kesehatan pribadi lan kulargo. Ugi nyuwun kanthi sanget dumateng tiyang ingkang nggadahi ciri-ciri lan nggadahi resiko tinggi kenging virus corona meniko kanthi kesadaran piyambak lapor dumateng petugas kesehatan / puskesmas kanthi ngaturaken informasi ingkang jujur kagem kemaslahatan sedoyo masyarakat. Mekaten perkawis-perkawis ingkang kedah dados kawigatosanipun sedoyo wargo masyarakat magayutan kalian pencegahan penyebaran virus corona wonten ing Kabupaten Magelang Matursuwun kawigatosanipun, mugi Gusti Alloh SWT tansah paring rohmat lan ridho ugi kawilujengan, karaharjan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo. Aamiin YRA. Wassalamuálaikum Wr. Wb. II. Lanjutan sosialisasi SE Bupati dan Maklumat Kapolri.